Rabu, 03 Juni 2009

BALANCE MAKE BEAUTY


ngadeg jejek#3

BALANCE MAKE BEAUTY
Limang dina kepungkur kancaku Khamim teka nek kost an ku. Kaya biasane bubar ndatuk perkara kuliahe sing ora bubar-bubar, perkara pecele yu Partun sing uenak, perkara bocah semester telu sing uayu kaya tumbu terus entek entekane njaluk rokok sak kopine. yo wis ngono kuwi wiwit jaman Demak kae.
Sinambi ngoceh ngalor ngidul perkara dosene sing kaya Jenghis Khan, rokok sak bungkus wis amblas diakep....jan ndak nduwe eh yo tenan. Ngerti nek padha sarane, padha kerene gek padha penindas orang tuane kok yo cik mentolone......

Kancaku Khamim sak jane bocahe pinter,tapi malesan. Sak jane bagus nanging ora nate adus. Sak jane waras tapi.........

Khamim iku adhik kelasku,sak jurusan nanging seje semester. Aku semester patbelas dhewekke semester rolas. Padha dene duwe prinsip bahwa kuliah harus dijalankan dengan sepenuh hati, terlalu cepat lulus berarti kita menganggap orang tua tidak mampu membiayai study kita, dengan kata lain semakin lama kita kuliah berarti orang tua kita orang berduit dan pasti orang kaya.......
Konsekwensi logis sing kudu ditampa ......telat rabi.
Telung puluh menit sawise menghancur leburkan simpenan rokok ku, bocah bagus iku klunuh - klunuh metu, ora mulih nanging mlebu pawon. Ora antara suwe wis metu karo glegek en. Tanpa pamit terus ngujus metu lawang ngarep, keprungu swara montor di stater terus wuss....grombyang swara pot ceblok. Ajeg saben mulih mesti nyrempet pot kembange ibu Kost.

Lungane Khamim ninggal barang berhargane. Keri. Apa pancen wis ndak butuh. Pi'i ne keri. Aja kok kira jeneng menungsa, iku mono type hp seko merk tertamtu. Ndak perlu tak tulis jelas tiwas dikira iklan.
Lumayan,hp tak bukaki mbok menawa ana sms kang wigati utawa poto sing memper disawang mata normal. Sok kae ana mata sing diatas normal dadine nyawang barang indah jare malah ndak sesuai norma......
sepisan meneh,bukti kebengalane si Khamim terkuak. File-file pesen isine mung sms perkara tagihan utang seko kanca-kanca,tagihan tugas mandiri seko dosen-dosen lan tagihan durung mbayar semester pendek sepuluh mata kuliah.....edan tenan. Nah file gambar isine mung poto -poto tokoh komik animasi....ndak dewasa blas,mosok ndak enek gambar pornone blas. Ana siji potone si Arum lagi adus....ponakane sing umur rong tahun iku pancen lucu tur nyenengake.
Mak bedunduk....mripatku nyawang pendirangan.Ana file sing rada narik kawigatenku. judule senggol modot. Dudu judul aneh sing gawe aku gumun nanging gambar-gambar sing ana kono. Salah sawijine kaya ing ngisor iki.

Dina iki Rebo tanggal nem likur maret tahune ora usah tak sebutake. Aku lungguh ndangkluk nek ngarep terminal bis (bus apa bis yo). Dhewekan. Kaya wong semayanan karo slingkuhane. Kang Suhadi Waras sing duwe penitipan montor ngarep terminal katon ndak penak nyawang aku. Wajar.... stelan jeans biru karo bathik lengen dawa pancen ndak pantes banget disawang. Kaya wong edan tenan. Nanging yo piye meneh pancen sarate yo kudu ngono kuwi...kudu bathikan... ndak peduli ngisorane apa....ngono pesene Khamim.

Dina iki mau aku semayanan karo Khamim arepe mertamu, silaturahmi, sungkem lan mbuh apa maneh istilahe...intine arepe sowan nek ndaleme mBah Liem, sesepuh sing kagungan keris bisa ngadeg dhewe sing kaya nek gambar wallpaper Pi'i ne Khamim.

Keris ngene iki aku wis nate weruh nek ndaleme P.Budi "Plandang" Sujarwo. Kolektor keris kelas Paus nek kutho iki. Wong siji iki sing menginspirasi aku malih dadi pemburu barang sing jenenge keris.Bedane nek Bos Budi kerise nek aku cukup gambare. Arepo ngoleksi kerise dhuwit ko ngendi.....mahasiswa kere....

Ubarampe kanggo kepentingan misi penting iki wis tak cepakake. Kamera digital D90 silihan lan laptop XFR D360 silihan. Kabeh sarwa silihan, klebu klambi bathik iku mau. Ora lali rokok putihan pitung cepet kanggo mBah Liem. Kudu putihan tur kudu pitu ngono jarene Khamim. Aku iyo wae.......

Jam sanga luwih patbelas Khamim njebus. Jan ndak konsisten karo jadwal lan MOU ne. jare jam sanga tepat....nyatane molor. Jare kudu nggawe bathik....nyatane dheweke malah ngawe kaos karo jeans. Jan ndak baik blas. Iki mengko nek nganti aku sing digandhengne nek mburi mesti persis Khamim mbonceng mbahe.....aku kudu sing mbonceng...sak ora orane ben kaya bapak arep ngeterne anak njupuk rapot.

Panggonan sing tak tuju parane arah barat kota. Jare Khamim ngliwati waduk sing gedhe dhewe sak Asia Tenggara, sing tiap pojok areane dipasang kamera CCTV nganti telung atus an titik nggo ngawasi bocah pacaran rina lan wengi (kira-kira).

Jam sewelas pas aku nyampek nek panggonan sing tak tuju. Di puncak gunung. Suejuk banget. Ndak enek swara montor blas. Dusun Kradenan.Letak goegrafise ndak usah di critakne....kaya pelajaran IPS ae....

Sing jenenge mas Liem (ndak pantes ditimbali mbah) wonge modis banget. Umure telung puluh limanan, kuning gedhe dhuwur. Sik durung nikah....jare ndak payu. Daleme gedhe dhewe sak lingkungane,ana wajan nek nduwur wuwunge...TV langganan. Mas Liem iku kancane mas Ahmad kakange Khamim. Kanca dadi guru Pe Te eN nek Semarang. Nek pas libur pulang kampung ngene iki.

Penghubungku sing bagus dhewe - Khamim- nggacor ngalor ngidul golek batu loncatan kanggo matur tujuane. Ketara ndak profesional blas. Ndak sambung- sambung. Arep sambung pie lha wong sing diomongne bab Google earth. Ndak betah ngenteni,laptop tak urupne tak bukak file kebo lajer,tak aturne Mas Liem....

Kaya weruh midodari udo ora kembenan, mas Liem antusias banget nyawang koleksi poto-potoku. Aku tansaya kendel menehi komentar. Bab sak renane Pamor tak kupas tuntas. Wiwit mrutu sewu tekan raja gundalane Pak Budi Sujarwo tak terangne detail banget. Bab Dhapur ugo ngono. Wis pokoke aku dadi guru besar.....sebab aku iso ngajari dosen sing wis eS telu.

Pungkasane keris dhapur Tilam Upih lan Tilam Sari pamor beras wutah tangguh Majapahit kagungane mas Liem metu seko kandhange. Ketara terawat banget. Wiwit rangka tekan selute resik ora teyengen blas.

Jare mas Liem keris iki bisa di deg ake (ora ngadeg dhewe bro..) amarga saka keseimbangan kang di duweni keris iku mau. Panjang, lebar, tebal dan simetris benda dalam keadaaan seimbang sehingga mampu berdiri (tidak tegak) diatas alasnya.Kaya bocah semester telune Khamim yang punya panjang dan lebar yang seimbang sehingga terlihat sangat indah.... Bakale sing saka besi, baja lan nikel uga duwe pengaruh tumrap wesi antik iki. Tansaya dawa mas Liem crita secara ilmiah malah ndadekake aku tambah bingung ora tambah ngerti. Nanging kanggoku aku wis marem banget dene wis dikeparengake njepret gambar keris mau kanggo tambah koleksiku. Sing dadi gumunku gek kepriye carane mbah mPu biyen nyawijekake telung material sing nduweni titik lebur ora padha nganti dadi sak material sing dadi bahane kermis eh keris mau.......

Upama digawe bahan skripsi.......ditampa apa di........



cathetan :
dhapur : bentuk
pamor : hiasan bilah
tangguh : masa pembuatan
mPu : seseorang yang punya keahlian dalam membentuk keris.

Selengkapnya...